Kancil Lan Merak
Merak pancen seneng
macak. Mula tansah nengsemake. Wulune katon edi, gawe resep kang padha nyawang.
Mula ora sithik tangga-teparo padha mara nyang omahe Merak saperlu sinau ngadi
busana lan ngadi salira.“Aku pengin supaya bisa nduweni sandhangan wulu kaya
kowe, Rak,” ujare Kancil marang Merak.“Sandhangan wulu kang tememplek ing
awakku iki paringane Gusti Kang Akarya Jagad. Aku mung tinanggenah ngrumat lan
njaga supaya tetep katon endah,” wangsulane Merak kanthi sareh. “Anggonku
seneng dandan lan ngupakara kaendahan iki mung wujud rasa syukurku marang
Gusti!” bacute tanpa linandhesan rasa umuk.“Supaya wuluku bisa dadi kaya
wulumu, piye carane?” pitakone Kancil.
“Tangeh lamun, Cil! Aku-kowe ki mung saderma nglakoni. Apa kang dadi
peparinganing Pangeran kudu tinampa kanthi ati segara,” wangsulane Merak. “Karo
maneh kabeh sing tememplek ana saranduning badan iki, mesthi piguna marang
awake dhewe. Kang ana ing aku ora durung mesthi ana ing kowe, semono uga kosok
baline, Cil. Wulu soklatmu kuwi mesthi piguna tumrapmu!”
Nanging Kancil sajak kemeren nyawang kaendahan wulune Merak. “Piguna apa?”
Sawise megeng napas sawetara banjur nggrundel, “Senajan piguna, nyatane wuluku
letheg! Aku luwih bungah yen wuluku bisa kaya wulumu! Saben kewan ora sebah
nyawang!”“Kuwi rak mung saka panggraitamu dhewe. Nanging ora kok, Cil!” sahute
Merak. “Sebab saben kewan ginaris dhewe-dhewe! Uga bab wulu! Wulu-wuluku kaya
ngene, wulu-wulumu kaya ngono, wulune Macan, wulune Gajah, lan sato kewan
liyane ora ono sing padha!”
Senajan akeh-akeh Merak anggone ngandhani, nanging ora bisa mbendung
pepenginane Kancil nduweni wulu kaya wulu Merak. “Sakarepmu anggonmu kandha,
Rak! Mung aku njaluk tulung supaya aku bisa nduweni wulu kaya kowe!” kandhane
Kancil setengah meksa.
Merak gedheg-gedheg gumun karo kekarepane Kancil. “Saupama bisa, terus mengko
kowe dadi kewan apa?” pitakone Merak.“Kewan apa wae terserah sing arep ngarani!
Mung kira-kira bisa ta, Rak?” pitakone Kancil ngoyak, ora sabar.“Bisa wae,
nanging mung imitasi! Pasangan!”“Ora masalah!” Kancil bungah. “Ndang dipasang!”
panjaluke kesusu.“Ya sabar, Cil! Aku kudu nglumpukake bodholane wuluku lan
wulu-wulune wargaku.”“Terus kapan?”“Udakara rong mingguan.”“Tak tunggu, Rak,
ujare Kancil banjur nerusake lakune. Merak mung nyawang kanthi mesem, “Cil,
Kancil. Yen duwe kekarepan kok ngudung, tanpa metung tuna lan bathine. Kudu tak
udaneni kekarepane, ngiras kanggo menehi piwulang marang dheweke.”Tekan dina
sing dijanjekake, esuk uthuk-uthuk Kancil
wis tekan omahe Merak. “Piye, Rak? Iki
wis rong minggu!”“Beres!” jawabe Merak karo nata wulu-wulu sing
wis diklumpukake, “Gilo! Wulu-wulu
wis mlumpuk, malah
wis dakdhewek-dhewekake! Wulu awak, wulu swiwi, wulu buntut, aku uga
wis golek tlutuh wit karet barang minangka kanggo nemplekake ing badanmu!”“
Wis gek ndang dipasang nyang awakku!” ujare Kancil karo lungguh dhingklik
sacedhake Merak.Merak banjur ngoser-oseri kabeh kulite Kancil nganggo tlutuh
karet.
Bareng kawawas wis ora
ana sing keri, baka siji Merak nemplekake wulu-wulu nut karo kebutuhane. Wulu
gulu ditemplekake ing gulu, wulu awak ing awak, wulu sikil ing sikil, dene wulu
buntut uga dipasang ing buntute Kancil.Sedina natas, kabeh wulu wis kapasang
ing kulite Kancil.“Rampung, Cil,” ujare Merak mesem. “Kae ana pengilon, ndang
ngiloa!”Kancil banjur ngilo. Weruh kahanan awake, dheweke mongkog, “Iki sing
dakkarepake!” celathune. “Aku bakal dadi salah sijining kewan kang paling
endah!”“Bener kandhamu, Cil. Tur ora ana sing madhani!” Merak mbombong. “Mung
aja nganti kaendahan mau malah ngreridhu lakumu,” bacute ngelingake.“Ngreridhu
piye? Wong apike kaya ngene kok ngreridhu.”“Lho, wulu-wulu kuwi mung templekan.
Cetha bakal ngebot-eboti awakmu!”Kancil ora nggagas, malah gage pamitan. “
Wis, Rak. Aku pamit! Lan nedha nrima awit saka kabecikanmu, aku selak pengin
mamerke kahananing awakku saiki!”“Sing ati-ati, Cil,” kandhane Merak karo
nguntapake Kancil metu saka omahe.Metu saka platarane Merak, Kancil mlaku
lon-lonan. Bokonge digidal-gidulake, pamrihe supaya bisa mamerake wulune kang
apik tur edi. Saben ketemu sato, Kancil tansah mesem karo aruh-aruh sombong.
Dene sing diaruhi uga genti mesem, mung eseme esem geli. Geli amarga weruh
kahanan kang ora lumrah. Nanging tumrap Kancil esem mau tinampa beda, “Kabeh
kewan padha kesengsem lan kepincut karo aku,” ujare jroning ati.Nanging
sengsem, edi, lan endah mau ora suwe. Bareng tlutuh karet mau garing, kulite
Kancil dadi kaku nyekengkeng. Akibate sikil, gulu, lan buntute angel
diobah-obahake. Kancil mung bisa njegreg ngececer, ora bisa lumaku.“Tulung!
Tulung! Tuluuung!” pambengoke sabisa-bisane.“Ana apa, Cil?” pitakone Merak
krungu pambengoke Kancil.“Gage tulungana aku, saranduning badanku angel
diobahake!”“Kabeh wulu sing nemplek ing awakmu kudu dicopot kabeh, kowe
gelem?”“Gelem, Rak!” ujare Kancil nglenggana marang apa sing wis dilakoni.
Dheweke eling menawa kabeh paringane Gusti mono kudu tansah disyukuri. Apik,
edi, lan endah tumraping sesawangan kadhang bisa ngganggu utawa mbilaheni.
Alon-alon, Merak mbubuti wulu sing
wis kebacut kraket ing awake Kancil. Senajan ngrasakake perih amarga sebagian
kulite ana sing katut thethel, Kancil mung mringis-mringis karo ngempet lara.
Ora sambat. Ndhadha tumindake kang salah merga mung nuruti karepe dhewe, tanpa
metung tuna lan bathine.